A Conspiracy Of Kindness, Inspirational Story

Jamaah I’tikaf Blogger Surabaya
I’tikaf terakhir nang Suroboyo tak lewati bareng karo konco-konco blogger Suroboyo. Wes jan manteb tenan. Pisan iki melu i’tikaf bareng-bareng karo konco-konco tukang IT.
Sakdurunge, biasane aku dhewean yen berangkat i’tikaf, embuh, kok ndilalah kersane Gusti Allah, konco-konco TPC iki podho iso teko i’tikaf malam 27 sasi romadhon iki. Gak nanggung-nanggung, sing melok nganti wong 15-an. Podho karo acara-acara kopdar biasa.
Malem sakdurunge, malam 23 sing melu teko wong 4 ketambahan siji arek joomla, janjian lewat fesbuk, aku ketemu karo mas BODREX ambek mas FAHMI lan MAS SENDY nang mesjid Ampel. Trus malem 25 sing teko ono wong limo, ketambahan KING NOPY. Terakhir, i’tikaf sing tak lakoni nang Suroboyo iki termasuk paling rame, gek ngono sing paling suwe dhewe kanggone aku.
Sing cetho, ono siji wong sing pantes diwehi penghargaan sak dhuwur-dhuwure, yo iku mas efahmi. Wong iki lek entuk tak arani wong mesjidan. Saben wayahe i’tikaf, wong iki mesthi teko pas isya sak tarawehe, njur diterusko nganti subuh. Yen tak itung-itung, mas fahmi iki nang mesjid nganti 10 jam. Padahal yo dudu imam mesjid opo maneh takmir mesjid, hehehehehe…
Masya Allah…! Luar Biasa temenan arek-arek iki…! Manteb rek!
NB:
- Foto-foto sek arep ditampilno ngenteni weh-wehan soko sing nggowo kamera
[*update*: foto2 diambil dari situs TPC] - Update jumlah peserta yo sik ngenteni ndelok wong sing nang foto
- Jadwal I’tikaf: Malem 23 nang Mesjid Ampel, Malem 25 nang Mesjid Agung Surabaya, malem 27 nang Mesjid Agung maneh, kanggo awakku dhewe mugo-mugo kelakon tur keturutan, malem 29 nang Mesjid UGM, Ngayogdjokarto Hadiningrat, mergo aku mudik nang ndesone bojoku.
- Jamaah sing melu rombongan, Tugu Pahlawan dot Com, Komunitas Joomla, Komunitas Capoera
Categories: Head Review, Not Blank



Comments (3)
ajengkol
September 17th, 2009 at 1:33 pm
SubhanAllah wah seneng yah bisa i’tikaf . . tahun ini nggak bisa
grandchief
September 17th, 2009 at 1:34 pm
wah mantep bener pak…
aku disini aja blum sempat i’tikaf blasss
Frenavit Putra
September 17th, 2009 at 2:14 pm
Semoga tahun depan kita bisa bertemu dan beritikaf bareng lagi pak… Selamat Mudik Pak.. Titidije
Leave a reply